Ngoko Lugu
Titikanipun:
^ Sedaya
tetembunganipun ngginakake basa ngoko.
^ Ater-ater lan panambang
ngoko.
Dipun-ginakaken kangge:
-bocah sebaya.
-tiyang
sepuh marang putranipun.
-tiyang ingkang sampun raket.
-tiyang
ingkang mboten ngormati lawan wicantenanipun.
-tiyang ingkang
saweg kesuh.
Diposting oleh
Unknown
komentar (1)
Diposting oleh
Unknown
komentar (0)
Sesorah, yaiku ngandharaken gagasan utawi pendapat wonten ing ngajengipun tiyang katah kanti tema-tema temtu lan nduweni ancas.
Ancasipun sesorah, yaiku:- Sesorah Persuasif ; inggih menika sesorah kanti ancas mikut (memengaruhi) pamirengipun.
- Sesorah Argumentatif ; inggih menika sesorah kanti ancas ngyakinaken pamirengipun.
- Sesorah Esposisi ; inggih menika sesorah kanti ancas atur pangertosan pamirengipun.
- Sesorah Deskripsi ; inggih menika sesorah kanti ancas ngaturaken gegambaran kawontenan.
- Sesorah Rekreatif ; inggih menika sesorah kanti ancas atur panglipur.